Nyritakake Bab Perfilman

Atiku ayem nalika maca timeline-ne Dewi Lestari (Dee) sing mbahas Madre (novelet lan film). Dee ngandakake yen film Madre mlenceng adoh seka novelete. Film sing isih diputer ana gedung-gedung bioskop nyritakake perjalanane Tansen ketemu karo Meilan lewat Madre, kamangka novelete nyritakake bab Madre (biang roti) sing hampir punah. Dee uga crita nek dheweke ora kenal karakter tokoh-tokoh sing main ana ing film Madre amarga beda karo sing digambarake ana ing novelet. 

Kenapa atiku njur ayem? Iki amarga rong dina kepungkur, aku lunga menyang bioskop saperlu nonton Madre. Tekan kana, mripatku nyawang ana film barat sing apik. Judule GI. Joe. Genre film action sing tak senengi. Aku bingung. Akhire aku mutuske nonton GI. Joe. Alasanku simpel yaiku, Madre wis ngerti critane dadi ora nonton yo ora apa-apa. Lha ternyata pilihanku yo bener. Film Madre ora sesuai karo cerita asline sing tertulis ning novelet. 

Mak-nyes..ora sia-sia duitku melayang demi GI. Joe. Filme ternyata uapiik tenan je! Film iki berseri. Seri pertamane wis keputer mbuh kapan. Aku mung nonton lewat file seka kancaku. Nonton seri pertamane aku langsung jatuh cinta. Film sing nyritakake tentang agen tentara Amerika aran GI. Joe dalam misi penyelamatan negara seka ancaman senjata nuklir iki, ternyata penggemare yo akeh. Kebakke kursi sing ana ing ruangan bioskop sing nayangake GI. Joe, wis mbuktekake.

Ngomong-ngomong soal film, miturut pendapatku, film sing diangkat seka novel mesthi adoh saka crita asline. Aku wis mbuktekake nalika nonton film Ayat-ayat Cinta, Hafalan Sholat Delisa, Perahu Kertas, lsp. Kabeh mau, novele wis dak waca sakdurunge difilmke. Imajinasiku nalika maca langsung ngeblas ilang mbasan nonton filme. Anane malah rasa kuciwa sing muncul. Nalika maca novel, awake dhewe bebas mbayangke rupane tokoh, tindak tanduke tokoh, nganti tekan suasana sing digambarake dening penulis. Tapi nek nonton filme, pikirane awake dhewe wis langsung disuguhi pemandangan ketok mata lan ora isa mbayangke kanthi bebas. 
Sebenere tergantung karo penulis skenario lan sutradarane. Film sing diangkat seka novel, bakalan persis apike karo novele yen kekarone ora mentingke kepinginane pasar. Apa sing ditulis ana ing novel, dicritaake persis tanpa ngowahi emosi lan karakter tokoh. Pemain sing terlibat uga kudu memahami novele kanthi detail. Dadi kelingan film Rectoverso. Film kuwi uga diangkat saka karyane Dee (kumpulan cerpen). Jujur, aku salut banget karo buku lan filme. Sutradara sing nggarap paham tenan apa sing dikarepake penulis. Kajaba iku, film Rectoverso didukung pemain-pemain kang profesional lan bisa menghayati karakter masing-masing tokoh. Aku nganti entek tissu pirang-pirang lembar nonton film kuwi nang bioskop. hiks...hiks..

Kang pungkasan, aku pengen nulis, maju terus perfilman Indonesia, aja kalah karo film-film barat. Nek niat gawe film, gawea sing apik lan ora nggawe kuciwa sing nonton. Nek arep nggawe film sing diadaptasi seko novel, apike kabeh sing terlibat kudu paham detail critane lan gaweo film sing lain dari yang lain. Film iku salah sawijining jalur pendidikan. Film sing apik yaiku film sing bisa mbentuk karakter asli Bangsa Indonesia. 

Komentar

Postingan Populer