Bab Kebebasan


Pirang-pirang dina iki pancen hawane katon panas. Dadekake rasa males arep lelungan. Pengene ana njeron ngomah, leyeh-leyeh karo ngombe wedang es. Yo kaya ngono kuwi sing dak lakoni dina iki. Karepku, sabubare jumatan, arep lungo menyang kampus, menehke garapanku neng dosen pembimbin lan arep menyang perpus. Tapi, mbasan sirahku nglongok kahanan njobo lewat jendela, kok rasane aras-arasen arep ngliwati panggonan kang ora ana iyup-iyupane. Alhasil, aku tetep ana njero kamar. Mbuka laptop lan mlaku-mlaku ing dunia maya. 
Aku arep crita wae ning kene. Crita bab sing mau bengi, hasil diskusi kanca-kanca kost ngenani Irsyad Manji. Irsyad Manji iku penulis seka Kanada. Deweke teka ing Yogyakarta kaperlu diskusi buku kapindone kang judule "Allah, Liberty, and Love" . Sakjane menurutku ora ana sing salah seka buku kuwi. Mungkin amarga latar belakang kehidupane Irsyad sing marakke deweke ora bisa ditampa masyarakat Yogyakarta. Irsyad sing dikenal kontroversial ing babagan feminisme liberal, dianggap mengancam agama Islam. Padahal, ing buku sing arep dibedah, ora ana siji-sijio sing mbahas tentang lesbi utawa gay. 
Ormas-ormas Islam sing ngerti nek Irsyad arep nganakke diskusi, rame-rame demo lan ngrusak diskusi sing lagi diselenggarakake.  Aku dhewe ora setuju. Lha piye to? Jare Islam, agama sing cinta damai, lha kok malah main kasar. Mbalang lan nganiaya wong-wong sing melu diskusi. Kudune nek arep tumidak, ditlesih sik sing bener. Ora njur main kasar sak enake dhewe. Durung maca bukune, kok bisa ngomong nek buku kuwi berbahaya. 
Menurut informasi sing dakwaca (mbuh kuwi bener/salah), buku kuwi nyritake bab kebebasan dalam usaha meraih cinta Allah. (dadi penasaran aku pengen maca). Menurutku, yo bener sih, ana akeh usaha kanggo nyuwun marang Gusti Allah. Usaha sing dilakoni masing-masing uwong iku uga beda-beda. Nek kanggoku, ora papa asal ora ngganggu kepercayaanku. Ora mempengaruhi aku. Beda karo kancaku sing ngandakake, nek ketemu kanca sing radha ora genah utawa dianggep melenceng, deweke kudu bertindak, ngandani. Iya nek kancane kuwi isa menerima, lha nek ora, mengko malah awake dhewe sing dianggep ikut campur urusane liyan. Iki negara bebas, negara sing nganut demokrasi. Terserah anggonmu ibadah karo Gusti Allah kepiye. Sing penting aku wis berusaha kanggo awakku dhewe supaya luwih apik anggonku ngibadah. Sing berhak menehi nilai kan yo Gusti Allah..
Rak ngono to...

Komentar

Postingan Populer