Lelakon Wulan Februari

Wis suwe banget kayane aku ora nulis ana ing blog. Akeh banget kedadeyan sing arep dak tulis. Mulai seko dheweke sing marai atiku rojah rajeh, urusan kampus sing durung beres, janji arep sering dolan menyang Djaka Lodang, nganti laraning awakku amargo kekeselen (mbok menawa mergo stres mikirke kabeh mau). 

Awal wulan Februari, atiku wis tanpa rasa. Ora nyangka dheweke bakal ingkar janji, ora nyangka dheweke bakal tega karo awakku sing lagi lara. Dheweke babar pisan ora tau takon bab laraning awakku. Aku kuciwa. Saking kuciwane, aku mutuske medhot katresnan sing wis dak lakoni telung tahun. Aku bisa nampa kahanan sing wis tak niati. Tapi malah dheweke sing ora bisa. Dheweke bola bali ngirimi pesen kang intine njaluk ngapura lan njaluk baline katresnanku. Ora gampang kanggoku. 

Kampus. Sakjane aku wis ora betah ana ing kampus. Pengen cepet metu seko kahanan sing ora tau tak niati babar pisan. Tapi aku ora bisa metu tanpa karcis (tesis lan acept). Aku luwih seneng nek karcise kuwi wujud tes Bahasa Indonesia utawa Bahasa Jawa. Bab tesis, kanggoku ra masalah. Asal dosene isih isa dilobi.  Rong minggu kepungkur, wektuku tak entekke ana ing Djaka Lodang. Pikirku, nek dosen ora bisa dilobi, Djaka Lodang mesthine bisa. Tenan. Aku wis nglakoni tugasku. Malah, aku ditawari kerjaan ana ing kana. Yo jelas seneng banget to aku. Kerja apa maneh sing ora ngganngo aturan pakaian, ora kudu nganggo hem lan sepatu dhuwur. Jam kantor uga ora ketat. Kanggoku, kerjaan iki sing tepat. Wis, sempurna banget!

Siji sing tak pengen saiki, aku pengen mari..Pilekku durung lunga seka seminggu kepungkur. Nyiksa...

Komentar

Postingan Populer